Thursday, August 6, 2009

BABAD TANAH DJAWI


SEKELUMIT KISAH KITAB BABAD TANAH DJAWA.......
(KALAU BELUM BISA BAHASA JAWA KAWI MOHON MA'AF)
Translation to Bahasa will available soon.....

Ing tahoen 1222 ana ratoe ing Toemapel oetawa Singasari, djenengé Ken Angrok.
Critané Ken Angrok iki saka layang Pararaton. Ketemoené layang iki ana ing Bali ḍèk tahoen 1891. Ken Angrok lair ana ing satjeḍaké Toemapel (Singasari), asal wong tani loemrah baé. Ken Angrok katjarita bagoes roepané lan bisa nenarik katresnaning wong, nanging banget kareme marang pangadji adji lan wani marang penggawé loepoet. Ing sawidjining dina ana Brahmana ketemoe karo dhéwékné, kandha yèn dhéwékné titising Wisnoe. Anggoné kandha mangkono ikoe, awit Brahmana maoe ngerti yèn Ken Angrok ikoe wong kang gedhé karepe lan kenceng boediné. Brahmana bandjoer golèk dalan bisané Ken Angrok kacedhak karo adipati ing kono, Sang Toenggoel Ametoeng. Ora antara soewé kelakon Ken Angrok kaabdèkaké. Bareng wis mangkono, Ken Angrok bandjoer tansah golèk dalan kapriyé enggoné bisa ngendhih Sang Adipati, nggentèni djoemeneng. Ketemoening nalar Ken Angrok bandjoer ndandakaké keris becik marang Empoe Gandring. Sawisé keris dadi, katon becik temenan, nganti mitrané Ken Angrok aran Keboidjo kepéncoet kepéngin nganggo, bandjoer nemboeng nyilih: oleh. Saka senengé, keris maoe saben dina dianggo sarta dipamèr pamèraké, dikandhakaké doewèké dhéwé. Bareng wis sawatara dina Ken Angrok bandjoer nyolong kerisé dhéwé kang lagi disilih ing mitrané maoe dianggo nyidra Sang Adipati. Kelakon séda, keris ditinggal ing sandhingé layon. OEroesaning prakara: mitrané Ken Angrok sing kena ing dakwa, dipoetoes oekoem pati. Ken Angrok bandjoer bisa oleh Sang poetri randaning Toenggoel Ametoeng lan goemanti madeg adipati: Sang Poetri asmané Ken Dhedhes.
Sasoewéné dicekel Ken Angrok negarané tata, redja, wong cilik banget soengkemé. Sawisé mbedhah karadjan cilik cilik ing Jenggala, Ken Angrok bandjoer emoh kebawah Kedhiri, malah ing tahoen 1222 mbedhah pradja Kedhiri nganti kelakon menang, Ratoe ing Kedhiri Praboe Kertadjaya séda nggantoeng sabalané kang padha toehoe. Kedhiri bandjoer ditandoeri adipati kabawah Singasari. Bareng para ratoe darah Empoe Sindhok wis kalah kabèh karo Ken Angrok, Ken Angrok bandjoer djoemeneng Ratoe gedhé, djedjoeloek Praboe Redjasa, yaikoe kang noeroenaké para ratoe ing Madjapait.
Katjarita Sang Retna Dhedhes nalika sédané adipati Toenggoel Ametoeng wis ambobot. Bareng wis tekan mangsané, Sang Retna mbabar poetra kakoeng, diparingi peparab Radèn Anoesapati. Wiwit timoer nganti diwasa Sang Pangéran ora ngerti yèn satemené doedoe poetrané Praboe Redjasa, nanging roemangsa yèn ora ditresnani ing Sang Praboe, béda banget karo rayi rayiné. Ing sawidjining dina Anoesapati kelair marang iboené mangkéné: "Iboe, poenapa, déné Kangdjeng rama poenika teka boten remen dhateng koela?" Sang Retna banget trenyoehing galih mireng atoer sasambaté kang poetra, wasana bandjoer keprodjol pangandikané; kang poetra dicritani lelakoné wiwitan tekan wekasan. Anoesapati banget ing pangoengoené, sanalika bandjoer doewé sedya males oekoem, nanging isih sinamoen ing semoe. Keris yasané Empoe Gandring disoewoen, pawatané moeng kepingin banget anganggo. Kang iboe lamba ing galih, keris diparingaké.
Anoesapati bandjoer nimbali abdiné kekasih, diparingi keris maoe lan diweroehaké ing wewadiné. Benginé Sang Praboe séda kapradjaya ing doeratmaka. Layoné Sang Praboe dicandhi ana ing Kagenengan (cedhak Malang). Anoesapati nggentèni djoemeneng Nata. Anoesapati djoemeneng ora soewé, awit Radèn Tohdjaya ngerti yèn Anoesapati kang nyédani ramané, moelané soemedya males oekoem lan iya kelakon. Tohdjaya djoemeneng Nata, nanging iya ora soewé. Tohdjaya oetoesan mantriné aran Lemboe Ampal, didhawoehi nyirnakaké kalilipé loro, yaikoe: Ranggawoeni, poetrané Anoesapati, lan nakdoeloere kang aran Narasingamoerti; yèn ora bisa kelakon, Lemboe Ampal dhéwé bakal kena oekoem pati.
Doemadakan ana sawidjining Brahmana kang welas marang radèn loro, bandjoer wewarah saperloené. Satriya loro bandjoer ndhelik ana ing panggonané Pandji Patipati. Lemboe Ampal nggolèki radèn loro ora ketemoe, bandjoer ora wani moelih, ngoengsi marang Pandji Patipati. Bareng ana ing kono mbalik ngiloni radèn loro, malah ngremboegi para poenggawa kang ora cocog karo Tohdjaya diadjak ngraman, wasana kelakon, Sang Praboe nganti nemahi séda.
Ranggawoeni djoemeneng Nata adjedjoeloek Syri Wisynoewardhana nganti nakdhèrèké Narasinga. Nganti tekan ing séda priyagoeng loro maoe roekoen banget, nganti dibasakaké: "Kaya Wisynoe lan kang raka Bathara Endra". Karatoné moendhak gedhé poelih kaya dhèk djamané Praboe Erlangga, malah djadjahané woewoeh Madoera. Sang Nata séda ing tahoen 1268, layoné diobong kaya adat, awoené sing separo dicandhi ana ing Welèri, ditoempangi reca Syiwah, sing separo dipethak ana candhi Jago (Toempang) nganggo reca Boedha. Dadi tetéla ing wektoe ikoe agama Syiwah karo Boedha campoer.
05 Pérangan Kang Kapisan Bab 5 Joemenengé Kartanagara ing Toemapel (1268 - 1292)
Ratoe Singasari kang Kaping V, djoemeneng mekasi. Sasédané Syri Wisynoewardhana pangéran pati djoemeneng Nata, adjedjoeloek Praboe Kartanagara. Sang Praboe manggalih marang kawroeh kagoenan, lan kasoesastran, lan iya manggalih marang oendhaking djadjahan, nanging koerang ngatos atos, lan kersa ngoendjoek nganti dadi woeroe. Ana nayakaning pradja aran Banyak Widhe oetama Arya Wiraradja, tepoeng becik lan Jayakatwang, adipati ing Daha. Satriya ikoe ora soengkem marang ratoené, malah wis sekoethon karo Jayakatwang, arep mbaléla. Doemadakan ana poenggawa kang matoer prakara ikoe, nanging Sang Praboe ora menggalih, Wiraradja malah diangkat dadi adipati ana ing Madoera.
Pepatihe Sang Nata aran Raganatha roemeksa banget marang ratoené, nganti sok wani ngatoeri pènget marang Sang Praboe ing bab kang ora bener, nanging Sang Praboe ora rena ing galih, ora nimbangi roemeksaning patih setya ikoe, malah bandjoer milih patih liya kang bisa ngladèni karsané. Patih wredha dioendoer, winisoeda dadi: nayaka pradata, dadi wis ora campoer karo prakara pangrèh pradja. Patih anyar senengé moeng ngalem marang ratoené lan ngladosi oendjoek oendjoekan.
Ana oetoesan saka ratoe agoeng ing nagara Tjina (Choebilai) dhawoeh soepaya Praboe Kartanagara nyalirani dhéwé oetawa wakilsoewana marang nagara Tjina perloe caos bekti (tahoen 1289). Sang Praboe doeka banget. Bathoeking Tjina oetoesan digambari pasemon kang ora apik, nelakaké doekané Sang Praboe. Bareng tekan ing nagara Tjina patrape ratoe Jawa kang mangkono ikoe maoe ndjalari doekané ratoe binathara ing Tjina, Ing tahoen1292 ana pradjoerit gedhé saka ing Tjina arep ngoekoem ing koewanéné wong Jawa. Wiraradja sasoewéné ana ing Madoera isih ngroengok ngroengokaké apa kang kalakon ana ing Singasari, lan iya weroeh oega yèn ing wektoe ikoe pradjoerit Singasari diloeroegaké menyang Soematra. Wiraradja ngadjani Jayakatwang akon nanggoeh mbedhah Singasari, moempoeng nagara lagi kesisan bala. Jayakatwang ngleksanani, lan Singasari kelakon bedhah. Ratoe lan patihé katoengkep ing moengsoeh isih teroes oendjoek oendjoekan baé (woeroe), moelané ora rekasa pinoerih sédané.
Radèn Widjaya, wayahè Narasinga, noeli oemangsah ngetog kaprawiran mbelani nagara lan ratoené, nanging wis kaslepek karoban wong Daha, moelané bandjoer kepeksa ngoncati, moeng kari nggawa bala 12, genti genti nggéndhong Sang Poetri garwané Radèn Widjaya, poetrané Praboe Kartanagara. Lampahè Radèn Widjaya sasentanané noesoep angayam alas. Kaleboe wilangan 12 ikoe ana satriyané loro, poetrané Wiraradja, doewè atoer marang Goestiné soepaya ngoengsi menyang Madoera. Sang Pangéran maoené ora karsa, nanging soewé soewé noeroeti. Ana ing Madoera ditampani kalawan becik. Remboegé Wiraradja, Radèn Widjaya diatoeri soewita menyang Daha. Wiraradja sing arep nglantaraké. Yèn wis kelakon soewita Radèn Widjaya diatoeri nyetitèkaké para poenggawa ing Daha, sapa sing kendel oetawa djirih, toehoe oetawa lamis. Yèn wis antara soewé diatoeri nyoewoen tanah tanah Trik, dibabada bandjoer dienggonana. Radèn Widjaya noeroet ing pitoedhoeh, lan iya kelakon soewita ing Daha. Katjarita pasoewitané kanggep banget, amarga saka pinteré noedjoe karsa, lan saka pinteré olah gegaman; wong sa Daha ora ana sing bisa ngalahaké. Kabèh piwoelangé Wiraradja ditindakaké, dilalah Sang Praboe teka dhangan baé, malah bareng tanah Trik wis dibabad, Radèn Widjaya nyoewoen manggon ing kono iya dililani. Katjarita nalika babade tanah Trik maoe, ana wong kang methik woh madja dipangan, nanging rasané pait. Awit saka ikoe désa ingkono maoe bandjoer didjenengaké Madjapait. Bareng Radèn Widjaya wis manggon ing Madjapait, roemangsa wis wayahè tata tata males oekoem, ngroesak kraton Daha, ananging Wiraradja akon sabar dhisik, awit isih ngenteni pradjoerit saka nagara Tjina kang arep ngoekoem wong Singasari. Karepe Wiraradja arep ngréwangi Tjina baé dhisik, besoeké arep mbalik moengsoeh Tjina. Wiraradja bandjoer boyong sakoelawargané lan sapradjoerite menyang Madjapait ngoempoel dadi sidji karo Radèn Widjaja.
06 Pérangan Kang Kapisan Bab 6 Karadjan Melajoe
Ing Bab 5 ana critané Praboe Kartanagara enggoné andjangka oenḍaking djadjahané. Ana ing tanah Soematra kelakon bisa oleh djadjahan. Ing ngisor iki tjrita sathithik toemraping karadjan karadjan ing tanah Melayoe. Katjarita ratoe ing Foenan, kira kira ing sadjroning abad 3 ngelar djadjahan, ngeloen tanah Soematra, Djawa lan lija-lijané, ajaké ratoe ikoe kang yasa reca reca ing tanah Pasémah. Ing abad kapitoe ana golonganing para pangéran saka ing Indhoe Boeri, padha manggon ing sakiwa tengening Palembang, bandjoer ngedegaké nagara gedhé, djenengé karadjan çrividjaya (= Syriwidjaya, sineboet ing bangsa Tjina nagara: Sambotsai). Ratoe ratoené padha darah Warman, isih doemoenoeng sanak karo darah Poernawarman ing Tanah Jawa dhèk abad 4 - 5, apadéné darah Moelawarman ing Koetai lan Bornéo dhèk watara tahoen 400. Nagara çrividjaya djadjahané kira kira Soematra sisih kidoel lan tengah, Malaka, Kambodja lan malah tekan Tanah Jawa. Ing tahoen 686 ratoe agoeng ing negara çrividjaya ngloeroegi Tanah Jawa, awit Tanah Jawa ora toehoe pangèdhêpé marang çrividjaya. Sadjroning abad 10 pradjoerit Jawa genti ngloeroegi çrividjaya, menang, nanging ora soewé çrividjaya bisa komboel manèh. Pradja ikoe adjeg enggoné nglakokaké oetoesan marang Naréndra ing Tjina. Ing sadjroning abad 12 lan 13 nagara gedhé çrividjaya pecah dadi karadjan cilik cilik. Darah Warman djoemeneng ana ing tanah kang sineboet tanah: "Melayoe" yaikoe saikiné Jambi. Rèhning pasisiré tanah Melayoe kono akèh reroesoeh, wongé akèh kang padha ngoengsi marang tanah pagoenoengan kang loh, ana ing kono padha dedhoekoeh. Bareng Tanah Jawa gedhé pangoewasané, Praboe Kartanagara (1268 - 1292) kalakon bisa ngroesak koetha Paséi, lan ngedjegi Jambi, Palembang, Riooew sarta koetha koetha akèh ing Bornéo apadéné poelo poelo ing Moloko. Ing saantaraning tahoen 1275 lan 1293 wong Jawa ngloeroegi tanah pagoenoengan Jambi maoe yaikoe tanah kang besoeké aran Menangkabaoe. Loeroegan ikoe diarani: Pamalayoe. Ing tahoen 1268 Praboe Kartanagara anggandjar reca marang ratoe ing Dharmmaçraya (Darmasraya) oega doemoenoeng ing tanah Jambi, ing saikiné ora adoh karo Soengai Lansat. Karadjan ikoe ing besoeké kaleboe djadjahan Madjapait, radjané darah Warman djedjoeloek Triboewana (Maoeliwarman) kagoengan garwa bangsa Melayoe, kang poetriné (poetrané poetri) ayaké dai garwané Radèn Widjaya biyèn. Sang Radja Tribhoewana mèloe karo bangsa Jawa ngloeroegi tanah Padhang Hoeloe. Mitoeroet tjarita Melayoe, loeroegan maoe ora oleh gawé, moeng marga saka kleboe ing gelar, kalah enggoné adoe kebo, moelané koethané bandjoer djeneng Menangkabaoe ikoe. Ana radja wewengkoné karadjan Dharmmaçraya djedjoeloek Adityawarman nagarané ing Malayoepoera, kang ing tahoen 1347 woes merdika, ambawa pribadhi, ikoe ngloeroegi Menangkabaoe, nanging ora nganti dadi perang, malah bandjoer diangkat dadi radja ing kono, awit pancèn dianggep bangsa Melayoe. Joemenengé ana ing Menangkabaoe wiwit tahoen 1347 tekan 1375, kecrita ing kawicaksanané lan pinteré nyekel pradja.
Toemeka sapréné Sang Adityawarman sarta nayakané loro kang aran Papatih Sabatang lan Kyai Katoemanggoengan isih dipoendhi poendhi marang bangsa Menangkabaoe. Sapoengkoeré Sang Aditya wis ora ana radja ing Menangkabaoe kang kecrita. Negarané pecah pecah, ing saiki isih akèh titiké, moenggoeh ing kaloehoeraning para radja Jawa asal Indhoe, ana ing tanah Menangkabaoe kono, loewih loewih toemraping basa lan sastrané. Darah radja radja koena ing Menangkabaoe maoe enteke doeroeng lawas, kang poengkas poengkasan poetri, sédané lagi saiki baé.
Ing tahoen 1377 koetha Sanbotsai ing tanah Palembang rinoesak ing balané Praboe Ayamwoeroek. Kang koewasa ing tanah Palembang kaseboet djeneng Arya Damar noeroenaké Radèn Patah (+/- tahoen 1500). Awit saka ambroeking karaton Madjapait, Palembang iya katoet apes, besoeké kalah karo Banten. Kaloehoeraning Tanah Jawa ana ing Soematra sisih kidoel kono toemekané dina iki oega iya isih akèh tilas tilasé.
Retrieved from "http://wikisource.org/wiki/Jv/Babad_Tanah_Djawi_lan_Tanah-Tanah_ing_Sakiwa-Tengenipoen/Bab_6"

07 Pérangan Kang Kapisan Bab 7 Perang Tjina lan Adegé Karadjan Madjapait (1292)
Ing tengah tengahané tahoen 1292 Maharadja Choebilai sida ngangkataké wadya bala menyang ing Tanah Jawa perloe arep ngoekoem Praboe Kartanagara. Ana ing pacekan (Soerabaya) praoe Jawa kalah, noeli bala Tjina arep ngloeroegi9 Daha, kang dikira panggonané Kartanagara (kang nalika ikoe wis séda). Katjarita Radèn Widjaya dhèk djaman samono woes wiwit mbalela marang Jayakatwang ratoe ing Daha. Sarèhné doewè pangarep arep bisaa ditoeloengi ing Tjina noempes ratoe ing Daha, moelané Radèn Widjaja bandjoer gawé gelar ethok ethok arep teloek marang sénapati Tjina. Kabeneran ora let soewé Madjapait, panggonané Radèn Widjaya ditempoeh ing wong Daha, Radèn Widjaya éntoek pitoeloengané wong Tjina bisa menang. Wasana ing tahoen 1293 koetha Daha dikepoeng ing balané Shih Pih lan Radèn Widjaya, Daha bedhah, ratoené kacekel, pèni pèni radja pèni didjarah rayah, Radèn Widjaya noeloengi poetri poetri, poetrané Praboe Kartanagara digawa oncad menyang Madjapait. Ora antara soewé, marga saka akalé Wiraradja, Radèn Widjaya bisa ngoesir pradjoerit Tjina. Wondéné pradjoerit maoe, senadyan kesoesoe soesoe meksa isih bisa anggawa barang rayahan, pengadji mas satengah yoeta tail lan tawanan wong satoes saka Daha. Radèn Widjaya bandjoer djoemeneng Nata ing Madjapait, djedjoeloek Kertaredjasa Jayawardhana oetawa Brawidjaya I (tahoen 1294 - 1309)
Sawisé djoemeneng Nata, Sang Praboe anggegandjar marang sakabèhing kawoela kang maoené laboeh, marang pandjenengané. Wiraradja dibagèhi tanah Loemadjang saoeroeté. Poetriné Kartanagara papat pisan dadi garwané Sang Praboe, lan isi ana garwa paminggir sidji saka tanah Melayoe aran Sri Indresywari.
Saka garwa paminggir iki Sang Praboe kagoengan poetra R. Kaligemet, kang besoeké nggentos kaprabon, adjedjoeloek Jayanégara, saka Prameswari Sang Praboe pepoetra poetri loro. Ing tahoen 1295 R. Kalagemet lagi yoeswa sataoen wis diangkat dadi pangéran pati lan dadi ratoe ing Kedhiri, iboené kang ngembani nyekel pradja Kedhiri. Ing nalika pandjenengané Praboe Kertaredjasa Jayawardhana ikoe, Tanah Jawa karo Tjina becik manèh, perdagangané gedhé, wong Tjina teka ing Tanah Jawa nggawa mas, salaka, merdjan, soetra biroe, soetra kembang kembangan, bala pecah lan dandanan wesi. Saka ing Tanah Jawa, Tjina koelak: beras, kopi kapri, rami, boembon crakèn loewih loewih mrica, barang barang mas oetawa salaka, bangsa dandanan koeningan oetawa tembaga, tenoenan kapas lan soetra, welirang, gading, coela warak, kayoe warna warna, manoek djakatoewa lan barang nam naman.
Ing Tanah Jawa ing wektoe ikoe akèh palaboehan ramé, kayata: Toeban, Sedayoe; Canggoe. Nalika djamané ratoe iki ing bawah karaton Madjapait kena dibasakaké oengsoem kraman. Para satriya kang mèloe lara lapa dhèk djamané Radèn Widjaya saiki ora oleh ati, awit Sang Praboe moeng anggega atoering nayakané kang aran Mahapati, wasana para satriya maoe bandjoer genti genti padha ngraman, nanging temahan asor djoerite. Ing tahoen 1328 Sang Praboe séda, dicidra ing doekoen kang didhawoehi ambedhel salirané. Sasédané Praboe Jayanégara kang goemanti sadhèrèké poetri, kang sesilih Bhreng Kaoeripan bandjoer djedjoeloek Jayawisynoewardhani. Sang nata dewi krama oleh satriya, kekasih Kartawardhana, misoewoer pinter, sregep lan djedjeg penggalihé. Sang Pangéran diangkat dadi panggedhéning djaksa lan oleh loenggoeh boemi Singasari sawewengkoné. Gadjahmada dadi warangkaning ratoe. Karepe Gadjahmada arep noengkoelaké satanah Jawa kabèh lan poelo poelo sakiwatengené. Ora let soewé yaikoe tahoen 1334 Soembawa lan Bali bedhah bandjoer kabawah marang Madjapait, mangka Bali nalika samana wis mbawahaké Lombok, Madoera, Blambangan lan Sélebes sabagéyan. Sénapatining pradjoerit kang ngelar djadjahan ing sadjabaning Jawa aran Nala. Ing tahoen 1334 Sang Radja poetri mbabar miyos kakoeng diparabi Ayam Woeroek, kang bandjoer didjoemenengaké Nata, nanging isih diembani kang iboe nganti tekan tahoen 1350.
Retrieved from "http://wikisource.org/wiki/Jv/Babad_Tanah_Djawi_lan_Tanah-Tanah_ing_Sakiwa-Tengenipoen/Bab_7"

08 Pérangan Kang Kapisan
Bab 8
Ajam Woeroek, Syri Radjasanagara,
Ratoe kang kaping IV ing Madjapait (tahoen 1350 - 1389)
Awit saking gedhéné lelaboehané Patih Gadjahmada, nagara Madjapait saya soewé saya misoewoer koewasané. Praboe Ayam Woeroek tetep djoemeneng ratoe agoeng binathara ngerèh sapepadhaning ratoe. Sang Nata krama oleh nakdhèrèke piyambak kang wewangi Retna Soesoemnadewi. Para santanané padha ginadhoehan tanah dhéwé dhéwé ing samoerwaté. Déné koewadjibané para santana oetawa adipati maoe ing mangsa kang woes ditamtokaké koedoe ngadhep ing pandjenengané Nata, moelané kabèh padha doewè dalem becik becik ana ing Madjapait, moewoehi asrining nagara. Ing djaman ikoe ana poedjangga kraton aran "Prapanca" (Boedha). Ing tahoen 1365 poedjangga iki nganggit layang kang aran Nagarakertagama. Ana manèh poedjangga aran Empoe Tantoelar nganggit layang Ardjoenawiwaha. Madjapait ing wektoe ikoe emèh mbawahaké satanah Indhiya Wétan kabèh, kayata: Tanah Jawa Wétan lan Tengah, Soematra, wiwit Lampoeng tekan Acih (Perlak), Bornéo (Bandjarmasin), Sélebes (Banggawai, Salaiya, Bantaiyan), Florès (Larantoeka), Soembawa (Dompo), saparoning Malaka lan sabageyaning Nieoew Goeinéa.
Tanah Soendha ora diteloekaké. Kang djoemeneng ratoe ana ing tanah Soendha maoe adjedjoeloek Praboe Wangi, poetrané poetri dilamar Praboe Ayam Woeroek iya dicaosaké, ananging Praboe Wangi bandjoer pasoelayan karo Patih Gadjahmada, nganti dadi perang. Praboe Wangi séda ing paprangan lan akèh poenggawané kang mati ana paprangan; ewadéné tanah Soendha ora dibawah Madjapait, isih madeg dhéwé ing sateroesé.
Ing Jaman samono paro adjar oetawa pandhita (agama Boedha oetawa Syiwah) mèloe nindakaké paprentahan nagara, moelané padha diparingi loenggoeh boemi dhéwé dhéwé kang diarani boemi: Pradikan. Padésan ing sakoebenging candhi oetawa padhépokaning para pandhita loemrahè oega dadi boemi pradikan, wongé diwadjibaké djaga lan ngopèni candhi padhépokan maoe. Kawoela liyané padha kena padjeg prapoeloehan (saprapoeloehing pametoening boeminé), lan kena ing pagawéyan goegoer goenoeng lan sapepadhané. Padjeg radjakaya, padjeg panggaotan lan tambangan ing wektoe samono iya wis ana. Pametoning pradja gedhé banget, perloe kanggo ragad perang lan kanggo kapraboning Sang Nata sarta kanggo yeyasan nagara, kayata: kraton, gedhong gedhong, pasanggrahan pasanggrahan lan liya liyané.
Ing nagara Madjapait wis akèh omah kang becik becik, payoné sirap, déné omah kang loemrah padha apager gedhég, ananging ing djero racaké ana pethiné watoe kang santosa perloe kanggo nyimpen barangé kang pangadji. Wong wong dhèk djaman samono padha doyan nginang, senengané padha toekoe bala pecah saka djoeragan Tjina, pambayare nganggo dhoewit sing diarani Kèpèng. Wong lanang padha ngoré ramboet, wong wadon geloengan kondhé. Wiwit enom wong wong padha nganggo gegaman keris, lan gegaman ikoe kerep diempakaké. Wong yèn mati djisime diobong, yèn sing mati ikoe bangsa loehoer oetawa wong soegih bodjo bodjoné (randha randhané) padha mèloe obong. Ora adoh saka nagara ana papan kanggo adoe adoe kéwan oetawa oewong oetawa kanggo karaméyan liya liyané. Papan ikoe arané "Boebat" Sang Nata kerep lelana tinggal nagara, ing Blambangan saoeroeté iya taoe dirawoehi.
Prakara perdagangan iya dadi gedhé banget, awit saka madjoening lelayaran kagawa saka kèhing nagara nagara kang kabawah ing Madjapait sing kelet letan sagara. Bab kagoenan, kayata: ngoekir oekir sapepadhané, komboele ing Tanah Jawa Wétan dhèk poengkasané abad kang kateloelas, lan ing wiwitané abad kang pat belas, moeng baé panggawéné reca reca kang apik apik ikoe nganggo toentoenaning wong Indhoe oetawa noeroen kagoenan Indhoe. Cekaking tjarita: Nalika pandjenengané Praboe Ayam Woeroek ikoe, Madjapait lagi oenggoel oenggoele, samoebarang lagi sarwa ondjo. Praboe Ayam Woeroek tilar poetra kakoeng miyos saka selir asma "Bhre Wirabhoemi" djoemeneng Nata ana ing bagéyan kang wétan. Déné kang nggentèni keprabon Madjapait poetra mantoené Sang Nata, adjedjoeloek Wikramawardhana (tahoen 1389 - 1400). Ing tahoen 1400 Sang Praboe sèlèh keprabon, kersané arep mandhita, ananging sapengkeré Sang nata, poetra lan sentanané padha reboetan nggentèni keprabon. Praboe Wikramawardhana bandjoer kapeksa koendoer djoemeneng ratoe manèh nganti tekan tahoen 1428. Sadjroning djoemeneng sing kèri iki Sang Praboe neroesaké merangi santanané kang woes kabandjoer ngraman nalika Sang Praboe djengkar saka kraton. Rèhning perang iki nganti soewé dadi nganakaké kapitoenan akèh lan karoesakan gedhé, awit teloek teloekan ing tanah sabrang bandjoer padha wani mbangkang woes ora gelem kabawah Madjapait. Tataning kawoela iya bandjoer roesak. Prakara patèn pinatèn wis dadi loemrah. Akèh wong main lan adoe djago totohané gedhéni. Ing tahoen 1428 - 1447 kang djoemeneng nata ratoe poetri djedjoeloek Retna Dewi Soehita, poetrané Praboe Wikramawardhana saka garwa paminggir. Teroesé bandjoer bandjoer Praboe Kertawidjaya (1447 - 1452) lan manèh Praboe Bhra Hiyang Poerwawisyesa (1456 - 1466), Pandan Salas (1446 - 1468), bandjoer Praboe Bhrawidjaya V (1468 - 1478). Moenggoeh babade ratoe ratoe kang wekasan iki ora terang, moelané ora diseboetaké. Ana ratoe ing nagara Keling (salor wétané Kedhiri, sakidoel koeloné Soerabaya) djedjoeloek Praboe Ranawidjaya Giridrawardhana ngelar djadjahan neloekaké Jenggala, Kedhiri lan oega mbedhah Madjapait (tahoen 1478). Bedhahè Madjapait ikoe koethané ora diroesak, awit ing tahoen 1521 lan 1541 nagara Madjapait isih kecrita koetha kang gedhé. Soewé soewé koetha Madjapait dadi roesak, awit wong wongé kang ora seneng kaerèh ing kraton liya, padha genti genti ninggal negarané, nglèrèg marang tanah Bali. Saiki Madjapait moeng kari patilasan baé, awoedjoed pager bata tilas moebeng lan tilas gapoera (Candhi Tikoes, Badjang Ratoe). Isih sadjroning djaman Madjapait, agama Islam wis mleboe saka sathithik, saya soewé saya bisa ngalahaké dayaning agama Indhoe ana ing Jawa Wétan.
Moenggoeh kaananing tanah Soendha ing wektoe ikoe ora pati kasoemoeroepan. Sawisé kradjan Taroemanagara dhèk abad 4 lan 5, moeng ana kang katjarita kradjan Soendha ing tahoen 1030 nagarané kira kira ing Cibadhak. Enggoné ora ana wong manca kang mleboe mrono, marga saka kèhing badjag kang padha nganggoe gawé ing saoeroeting pasisir. Ing Priyangan sisih wétan ana kradjané aran Galoeh, kang ngadegaké ayaké ratoe aran Poesaka, ratoe liyané djedjoeloek Wastoekencana lan Praboe Wang(g)i. ing tahoen 1433 Sang Ratoe Dewa iya Radja Poerana, ngadegaké koetha anyar aran Pakoean (Batoetoelis). Karadjan iki aran Padjadjaran. Toelisan kang ana ing watoe kono nerangaké manawa Sang Praboe yasa segaran. Padjadjaran semoené kradjan rada gedhé lan ngerèhaké Cirebon barang.

Pérangan Kang Kaping Pindho
Babad Tanah Jawa Wiwit Adegé Karadjan Karadjan
Islam lan Tekané Bangsa Eoeropa toemekané Gempale
Karadjan Mataram lan Ambroeké Vereenigde
Oost indische Compagenie (VOC)
taoen 1500 - 1799


09 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 1 Karadjan Demak lan Karadjan Padjang +/- tahoen 1500 - 1582
Wiwitané ing Tanah Jawa ana agama Islam ing antarané tahoen 1400 - 1425. Ing tahoen 1292 ing tanah Perlak ing poelo Soematra wis ana wong Islam; ing tahoen 1300 ana wong Islam manggon Samoedra Paséi. Ing poengkasané abad kang ping 14 ing Malaka iya wis ana wong Islam. Tekané padha saka Goedjarat. Saka Malaka kono agama Islam mencar marang Tanah Jawa, tanah Tjina, Indhiya Boeri lan Indhiya Ngarep. Kang mencaraké agama Islam ing Tanah Jawa dhisike yaikoe soedagar Jawa saka Toeban lan Gresik, kang padha dedagangan ing Malaka, padha sinaoe agama Islam, dadiné Islam terkadhang sok kepeksa. Soedagar soedagar djawa maoe padha bali marang Tanah Jawa Wétan, soedagar Indhoe lan Pèrsi oega ana sing teka ing kono lan noeli mencaraké agama Islam marang wong wong. Sing misoewoer yaikoe: Maoelana Malik Ibrahim (wong Persi?), séda ana ing Gresik ing tahoen 1419, nganti saiki pasareané isih.
Bareng koewasané karaton Madjapait saya soewé saya soeda, para boepati ing pasisir roemangsa gedhé pangoewasané, wani nglakoni sakarep karep. Para boepati maoe loemrahè wis padha Islam wiwit toemapaking abad kaping 16 (tahoen 1500 - 1525), Jalaran saka ikoe kerep baé perang karo para radja agama Indhoe kang manggon ing tengahing Tanah Jawa.
Mitoeroet tjarita: Sang Praboe Kertawidjaya ing Madjapait ikoe wis taoe krama karo poetri saka ing Cempa (tanah Indhiya Boeri). Poetri maoe kapernah iboe alit karo Radèn Rahmat oetawa Soenan Ngampel (sacedhaké Soerabaya). Soenan Ngampel kagoengan poetra kakoeng sidji, asma Soenan Bonang, lan poetra poetri sidji, asma Nyai Gedhé Malaka. Nyai Gedhé Malaka ikoe marasepoehé Radèn Patah oetawa Panémbahan Jimboen, yaikoe kang sineboet: Soeltan Demak kang kapisan. Soenan Ngampel lan Soenan Bonang ikoe dadi panoenggalané para wali. Para wali maoe kang misoewoer: Soenan Giri (sakidoel Gresik), ana ing kono yasa kedhaton lan mesdjid; Ki Pandan Arang (ing Semarang) lan Soenan Kali Jaga (ing Demak). Ing tahoen 1458 ing Demak wis ana mesdjid becik.
Padha padha boepati ing pasisir pati OEnoes ikoe kang koewasa dhéwé. Pati OEnoes oega kaseboet Pangéran Sabrang Lor. Ikoe poetrané Radèn Patah oetawa Panémbahan Jimboen. Ing tahoen 1511 Pati OEnoes mbedhah Jepara, Ing tahoen 1513 ngloeroegi Malaka. Enggoné tata tata arep ngloeroeg maoe nganti pitoeng tahoen lawasé. Lan bisa ngloempoekaké praoe kèhé nganti sangang poeloeh lan pradjoerit 12.000, apadéné mriyem pirang pirang. Nanging panémpoehé bangsa Portegis ing Malaka nggegirisi, nganti Pati OEnoes kapeksa bali lan ora oleh gawé. Pati OEnoes ing tahoen 1518 oega ngalahaké Madjapait nanging Madjapait dhèk samana pancèn wis ora gedhé. Koethané ora diroesak, moeng poesaka kraton bandjoer digawa menyang Demak sarta Pati OEnoes ngakoe nggentèni ratoe Madjapait. Ing tahoen 1521 Pati OEnoes séda isih enèm lan ora tinggal poetra. Kang goemanti rayi let sidji yaikoe Radèn Trenggana, djalaran rayiné toemoeli: Pangéran Sekar Séda Lèpèn, wis disédani poetrané radèn Trenggana, kang aran Pangéran Moekmin. Sadjroning djoemenengé Soeltan Trenggana (tahoen 1521 - 1550) karaton Demak koewasa banget, ngoewasani Tanah Jawa Koelon, ngerèh koetha koetha ing pasisir lor lan oega mbawahaké djadjahan Madjapait, sarta karaton Soepit OErang (Toemapel) oega bandjoer kapréntah ing Demak. Déné Blambangan ikoe bawah Bali. Pelaboehan bawah Demak akèh sing ramé, kayata: Jepara, Toeban, Gresik lan Jaratan. Gresik lan Jaratan ikoe sing ramé dhéwé, wong kang manggon ing kono loewih 23.000. Ing tahoen 1546 Soenan Goenoeng Jati kalawan Soeltan Trenggana arep mbedhah Pasoeroewan. Koetha Pasoeroewan bandjoer kinepoeng ing wadya bala, nanging doeroeng nganti bedhah, pangepoengé diwoeroengaké, djalaran Soeltan Trenggana séda cinidra déning sawidjining poenakawan santana, kang mentas didoekani. Poetrané Soeltan Trenggana akèh. Poetra poetriné padha krama oleh priyayi gedhé gedhé. Ana sing krama oleh boepati ing Padjang, kang asma: Adiwidjaya, yaikoe Mas Krèbèt, Ki Jaka Tingkir oetawa Pandji Mas. Poetrané Soeltan Trenggana loro: Pangéran Moekmin oetawa Soenan Prawata, lan Pangéran Timoer, kang ing besoeké dadi adipati ing Madoera. Soenan Prawata ikoe kang nyedani Pangéran Sekar Séda Lèpèn. Ing semoe poetrané Pangéran Sekar Séda Lèpèn kang asma Arya Panangsang arep malesaké sédané kang rama. Sakawit Arya Panangsang nyedani Pangéran Moekmin sagarwané, noeli poetra mantoené Soeltan Trenggana, ora oleh gawé, malah Arya Panangsang bareng dipapagaké perang, kalah nemahi pati. Adiwidjaya bandjoer ngoewasani Tanah Jawa: amboyong poesaka kraton menyang Padjang lan noeli didjoemenengaké Soeltan déning Soenan Giri. Nalika Adiwidjaya djoemeneng ratoe ana ing Padjang, blambangan lan Panaroekan kabawah ratoe agama Syiwah ing Blambangan, kang oega mbawahaké Bali lan Soembawa (tahoen 1575). Jadjahan djadjahan ing Padjang kapréntah ing pangéran (adipati) yaikoe: Soerabaya, Toeban, Pati, Demak, Pemalang (Tegal), Poerbaya (Madiyoen), Blitar (Kedhiri), Selarong (Banyoemas), Krapyak (Kedhoe sisih kidoel koelon, sakoeloné bengawan Sala. Ana ing tanah Pasoendhan karaton Padjang mèh ora doewè pangoewasa, djalaran ing tahoen +/- 1568 tanah Banten dimerdikakaké déning Hasanoedin, dadi tanah kasoeltanan.
Retrieved from "http://wikisource.org/wiki/Jv/Babad_Tanah_Djawi_lan_Tanah-Tanah_ing_Sakiwa-Tengenipoen/Bab_9"

No comments: